Assalamu’alaikum Wr.Wb
Batir-batir piwe kabare? Sehat mbok?
Neng
kene aku, arep mentasna drama kang judule
“Polaeh Kartinah lan Kasmiati”.
Tokoh-tokohe yaiku :
1.
Karti, paraga antagonis
2. Narator
3.
Sukir, tokoh penengah
4.
Pak Guru
5.
Rani, paraga protagonis
6.
Kasmi, paraga antagonis
Penasaran ceritane kaya ngapa? Ayuh pada disimak
bareng-bareng ya..
Polaeh Kartinah lan
Kasmiati
ADEGAN 1
Narator :
Sekolah SMP N 25 Ci Careng, Banyumas kue merupakan sekolahan sing ana
neng plosok. Sebab neng plosok kue, murid-muride
terkenal ora pinter-pinter banget alias pas-pasan. Neng sekolah kue ana bocah 3 sing terkenal jenenge Sukir, Karti lan
Kasmi. Sukir terkenal murid sing sopan, patuh , lan gagah. Karti terkenal murid
kang kemlitak, lenjeh lan sok sugih. Kasmi terkenal sebab batiran karo Karti,
mulane dadi melu-melu terkenal.
Sawijining
dina neng kelas IX B pada reang-reang, sebab ana kabar arep ana guru anyar sing
arep dadi wali kelas IX B.
Kasmi :
“Ti, masa yah jerene bocahan arep ana guru anyar. Menurute ko piwe gweh?”
Karti :
“Lah ya kepriwe sih?” (jawabe sante)
Kasmi :
“Kaya kue tok tanggepane..? ih..ih..ih....
Ya
bahaya mbok Ti, mengko angger gurune galak, gurune crewet, gurune nyebeli
kepiwe jajal Ti?”
Karti :
“Sante bae lah Mi, ko ora gadang rugi dadi batir ku, guru anyar kuwe ora
bakal galak maring aku, secara aku murid sing
paling sugih neng kene.”
ADEGAN 2
Narator :
Ora ganti sue bocahan pada reang-reang, bel tanda mlebu kelas moni. Barang
ora
sue ana guru anyar sing tes pada domongi. Gurune gede, duwur, lan gagah.
Pak Guru :
“Sugeng enjing bocah-bocah..”
Murid :
“Sugeng enjing pak...”
Pak Guru :
“Kenalna jenenge pak guru Bapak Tejo. Bapak asale sekang Dunagara.
Neng
kene bapak ditugasi kon dadi wali kelas IX B lan mulang Bahasa. Jawa
Ngerti...?”
Murid :
“Ngertos pak.”
Pak Guru : “Okeh
mayuh pada dimulaih pelajarane. Tapi sedurunge pak guru kepengin
absen disit lah pada mangkat apa ora jajal kie
bocaheh.”
Pak Guru :
“Sukirman.”
Sukir :
“Sukirman wonten pak.”
Pak Guru :
“Kartono.”
Karti :
“Kartono ora mangkat pak, jerene ora disanguni dadi ora gelem sekolah.”
Pak Guru :
“Turkiman . A.”
Kasmi :
“Turkiman . A mriang..”
Pak Guru :
“Kartinah.”
Karti :
“ Wonten pak.”
Pak Guru :
“Kasmiati.”
Kasmi :
“Kula pak.”
Pak Guru :
“Halah dadi sing mlebu kur bocah telu tok kie. Wah gaul kiye wong sing
diabsen
bocah 25 koh sing mangkat kur bocah telu tok. Ya sehubungan karo pelajaran
Bahasa Jawa maka Pak Guru arep mulang tentang “Antonim”.Antonim kuwe perlawanan
kata dadi katakata apa bae mesti ana lawane. Misale langit lawane bumi, paham
anak-anak?”
Murid :
“Paham pak..”
Pak Guru :
“Lah siki pak guru arep nyebutna kata-kata apa bae mengko ko pada golet
lawan katane. Mudeng?
Murid :
“Mudeng.”
Pak Guru :
“Ya, kata sing pertama pinter.”
Murid :
“Bodo.”
Pak Guru :
“Duwur...”
Murid :
“Endep.”
Pak Guru : “Hahahaa
siki madang.”
Murid :
“Hahahaa siki kencot.”
Pak Guru :
“Lho lho lho deneng kencot?”
Murid :
“Lho lho lho deneng madang?”
Pak Guru :
“Kue salah kue dudu kencot.”
Murid :
“Kue bener kue dudu madang.”
Pak Guru : “Sing
pada bener.”
Murid :
“Sing pada salah.”
Pak Guru :
“Wis pada bubar pada bubar!”
Murid :
“ Urung pada kumpul pada kumpul!”
Narator : Sebab Pak Tejo bingung maring kelakuan-kelakuane
murid-muride kue Pak
Tejo
nekat mejet bel bubar. Ngantikan akhire bocahan dadi pada bubar temenan alias
bali gasik.
Kasmi :
“Asik ya Ti, diwulang Pak Tejo kaya kie dadi bali gasik.”
Karti :
“Iya sih asik... Tapi lewih asik sih prei sisan.”
Sukir :
“Hmm... emange pada seneng yah ngger bali gasik, aku sih biasa bae malah
ujarku
tah eman-eman wektune.”
Kasmi :
“Ora usah sok rajin lah...”
Sukir :
“Hmm...”
ADEGAN 3
Narator :
Dina esuke murid kelas IX B geger maning soale ana kabar arep ana murid anyar.
Kasmi :
“Ti, jerene nin arep ana murid anyar.”
Karti :
“Oh... Lanang apa wadon?”
Kasmi :
“Wadon, bahaya temenan, jere bocahan bocahe ayu, pinter sugih maning Ti.”
Karti : “Wahh.. bahaya kie, ora bisa dijorna pokoke. Eh tapi
seayu-ayune kae mesti
esih
ayuan aku lah.”
Kasmi :
“Ora Ti, jere bocahan bocahe ayu banget, ko kalah pokoke.”
Karti :
“Huuhhh...”
Pak Guru :
“Assalamu’alaikum anak-anak.”
Murid :
“Wangalaikum salam.”
Narator : Mbarang pak Guru salam jebule temenan ana bocah wadon mlebu,
bocahe
ayu,
duwur lan putih.
Karti :
“Kie tah temenan bahaya gieh Mi..”
Kami :
“Gweh mbok Ti, omonge nyong bener.”
Pak Guru : “Anak-anak kenalna kie murid anyar. Ayu mbok hahaha. Siki
ngeneh koe
maju
kenalan karo batir-batir.”
Rani :
“Nggih pak. Batir-batir kenalna jenengku Rani, asalku sekang
Karangkejimong. Aku pindah ngeneh, sebab ibuku
ditugasi dadi bidan neng
wilayah
ngene.”
Pak Guru : “Ya. Okeh Rani siki koe njagong nggolet panggonan.
Sukir
Rani njagong karo koe ya.”
Sukir :
“Nggih pak.” (sukirman kenalan karo rani) “sukirman”
Rani :
“Rani”
ADEGAN 4
Narator :
Pas istirahat Karti lan Kasmi mburu Rani.
Rani :
hey kenalna aku Rani.
Karti :
“Heh bocah anyar, ko ora usah sok ayu lah...! Meleih nin.”
Rani :
“Maksude apa yah?, aku kan kur kepengin kenalan kambi ko apa salah sih?”
Karti :
“Salah, Ya asal ko ngerti bae yah, neng sekolah kie nyong kue bocah sing paling
ayu, sugih, pinter maning, dadi ko ora usah sok nyaingi nyong lah!”
Rani : “Nyong salah apa yah nyong be lagi meneng-meneng mbok
Emange
nyong wis ngapakna ko?”
Kasmi :
“Hihh gweh Ti, nyolot banget. Rai-rai blagu kudune hajar bae Ti!”
Karti :
“Ok. Urusane dewek urung rampung kie yah..”
Narator :
“Pas bali sekolah Karti lan Kasmi biasa bali bareng ijik-ijik ana Sukir kambi
Rani mburu Karti lan Kasmi
Sukir :
“Heh Ti, Mi ko maring batir anyar aja kaya kue. Mbok ya sing akur. Rani be ora
salah apa apa mbok maring ko”
Kasmi :
“Brisik ko lah.”
Sukir :
“Domongi bener-bener koh yah.”
Rani :
“ wis orapapa lah kir”
Narator : Esuke Karti lan Kasmi duwe rencana arep ngerjani Rani.
Akhire pas istirahat
Karti
lan Kasmi temenan ngerjani Rani.Pas lagi istirahat Rani lagi neng njero
kamar
mandi ijik-ijik Karti lan Kasmi teka ngunci lawang WC sekang njaba. Rani
keponto neng njero kamar mandi kambi ngorong-ngorong njaluk tulung
Karti :
“Kawus ora.. Hahaa.”
Kasmi :
“Hahaha.. berhasil Ti.”
Narator :
15 menit kemudian Sukir krungu ana bocah njaluk tulung. Akhire Sukir
Mburu lan nulungi mbukak lawang WC. Jebule
sing keponto si Rani.
Sukir :
“Lho deneng ko bisane keponto?”
Rani :
“Aku ora ngerti, kayane miki ana sing ngunci sekang njaba loh.”
Sukir :
“Kue mesti ulaeh Karti lan Kasmi.”
Rani :
“Aja su’udzon disit lah kir, kan urung mesti Karti karo Kasmi pelakune”
Narataor :
Pas bali sekolah Sukir nemoni Karti lan Kasmi.
Sukir :
“Koe mesti sing ngunci lawang WC yah? Ko aja kaya kue lah aku ora trima.”
Kasmi :
“Angger iya piwe? Masalah hah?”
Pak Guru :
“Ana apa sih reang-reang?”
Sukir : “Kue pak Karti lan Kasmi montokna Rani neng WC. Apa ora
kebangeten sih
Pak.”
Karti :
“Brisik lah!”
Pak Guru :
“Mbok ya sesama batir sing pada akur.”
Karti+Kasmi :
“Nggih pak.”
Sukir :
“Gweh... sirik kuwe tandane kowe ora mampu ngerti.”
Karti+Kasmi :
“Oh..”
ADEGAN 5
Narator : Pas lagi Karti lan Kasmi nyebrang, ijik-ijik ana trek sing
arep nyrempet kue
Bocah. Rani weruh trus langsung mlayu berusaha
nulungi Karti lan Kasmi.
Rani
njorogna Karti lan Kasmi ben ora ke srempet trek mau. Akhire Karti lan Kasmi
tiba maring pinggir dalan.
Karti+Kasmi :
“Aduh...aduhhh...”
Rani :
“Ora papa mbok, ana sing lara? Ana sing lecet. Priwe priwe?”
Karti :
“ Ora lara sirahmu peang sih! “
Kasmi : (Kasmi krisik-krisik maring Karti)”Ti,
dipikir-pikir Rani atine apik yah?
Dewek
mbok wis jail tapi Rani gelem nulungi dewek ya.”
Karti :
“Iya yah. Aku tembe nyadar aku salah.”
Kasmi : “Suwun ya wis nulungi nyong. Mungkin ngger
langka ko aku karo karti
mesti
wis mati ndean.”
Rani : “Iya pada-pada. Sesama batir emang kudu saling tulung.
Nyong juga wis
Maafna
ko pada koh. Mungkin ko pada khilaf”
Karti :
“hmmm.. Siki ko gelem ora dadi batire aku ?”
Rani :
“ Iya aku gelem lah, masa iya ora gelem.”
Karti+Kasmi :
“ Suwun ya Ran, ko gelem dadi batire dewek.”
Rani :
“ okee.”
Narator :
Akhire Karti, Kasmi lan Rani siki dadi batir akrab.
Pelajaran sing bisa dijiot sekang sandiwara iku
yaiku :
1.
Dadi bocah kudu
akur karo batir-batir, aja pada musuhan.
2.
Kudu saling
tulung-temulung maring wong liya.