Hai
sahabat blogger, khusus kali ini saya akan menjelaskan secara singkat asal mulanya
desaku,yaitu “Desa Lesmana” dalam bahasa Banyumasan.
Asal
Mulane Desa Lesmana
Pas
ganune kuwi Desa Lesmana iku jenenge Desa Kelapa Dompyok, sebab neng desa kuwi
akeh wit – witan kelapa lan woene sing akeh banget.
Desa
Kelapa Dompyok diganti jenenge dadi Desa Lesmana kang awale ana wong sing
jenenge Sunan Amangkurat I karo Adipati Anom lan karo pengikute iku lagi
nglanjutna perjalannanesing wis gutul neng sebuah desa sing jenenge Desa Kelapa
Dompyok. Pas neng desa kuwi Sunan
Amangkurat I ngelak lan pengin nginum wedang. Ora dikongkon neng bapane yaiku Sunan
Amangkurat I, Adipati Anom langsung nggolet kelapa nom nggo nginum bapane.
Sawise nggolet kelapa nom, Adipati Anom olih kelapa nomme. Banyu kelapa nom
kuwi diweken maring bapane, tapi sedurunge diweken maring Sunan Amangkurat I,
Adipati Anom wis nyampuri banyu kelapa nom kuwi karo racun. Banyu kelapa sing
diwei neng Adipati Anom kuwi terus diinum neng Sunan Amangkurat I. Sawise Sunan
Amangkurat I nginum banyu kelapa sing dicampur karo racun iku, awake Sunan
Amangkurat I dadi lesu utawi lemes lan akhire Sunan Amangkurat I mati utawi
seda.
Mulane,
Desa Kelapa Dompyok diganti jenenge dadi Desa Lesmana.